Langsung ke konten utama

Pengalaman pribadi

                Pengukuhan Saka Wanabakti

      Tanggal 5 tekan 6 Mei kabeh calon anggota Saka Wanabakti melu acara pengukuhan iki. Tanggal 5 Mei sekitar jam 2 awan kabeh calon anggota kumpul ono ing Dinas Pertanian dan Kehutanan Bantul disik. Neng kono diwenehi pengarahan pengarahan lan absen. Banjur kui sholat ashar terus upacara pembukaan. Sekitar jam 4, kabeh mangkat ing Koramil Kretek, ing kono kanggo nitipke kendaraan. Banjur kui diwenehi pengarahan maneh. Sekitar jam 8, acarane dilekasi mlaku seko Koramil terus ketemu masjid bar TPR Pantai Parangtritis munggah. Ing dalan munggah, aku sempet ra kuat lan pengen bali medun maneh. Nganti tasku di gawakne karo dewan Saka. Nanging mergo akeh uwong sek nyemangati aku, akhire aku tekan duwur sekitar jam setengah 12 bengi. Duwur iku tepate yaiku Gua Jepang. Banjur kui dikon istirahat lan masak dinggo maem. Amargi le masak muk nganggo survival dadi le masak suwi banget nganti diewangi karo dewan Sakane barang. Rampung maem langsung ing acara inti. Neng kono aku dikon mlaku dewe muk ono dewan e seng nyenteri lan dewan e ditakoni mek meneng wae. Ternyata tekan kono uwis akeh seng baris. Ing baris kui dikon ngucapke janji dadi calon anggota seng wes siap tenan. Banjur kui dikon bali ing goa jepang maneh lan istirahat.
         Tanggal 6 Mei jam 6 esuk wes dilekasi medun meneh bali ing koramil. Suasane adem banget. Ing dalan medun aku iso wiruh akeh Goa Jepang sek liyo, Pantai Parangtritis, awan awan lan matahari terbit. Tekan Koramil sekitar jam 7 terus jam 8 bali maneh ing ngomahe dewe - dewe.
     Aku seneng banget iso melu pengukuhan iki. Mergane pengalaman iki iso marai aku tambah semangat dadi anggota Saka Wanabakti.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

pawarta bahasa jawa

PAWARTA BAHASA JAWA TENTANG SEKATEN  Assalamuallaikum Warahmatullah Wabarakatuh            Kepanggih malih dhumateng kula Siti Nur Cholimah wonten ing adicara pawarta siyang menika. Kangge miwiti pawarta wonten ing siyang menika inggih saking tlatah Yogyakarta wonten ing kitha menika 28 Oktober 2015 Sekaten  utawa  upacara Sekaten  (saking tembung  Syahadatain  utawa kalih tembung syahadat) inggih menika acara mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w. sing diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara meniki kala biyen diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta kangge ngundang masyarakat mlebet agami Islam. Ing hari sapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi Dalem (punggawa kraton) sami-sami diiringi kalih set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan meni...

Unit Kerja Mahasiswa (UKM) di Kampus AKRB (Akademi Komunikasi Radya Binatama) Yogyakarta

         Hallo teman teman !!! Perkenalkan namaku Siti Nur Cholimah , aku lahir di Bantul, 31 Desember 1999. Aku adalah anak kedua dari 3 bersaudara. Kakakku seorang perempuan bernama Anggela Kartika Ningrum dan adekku juga perempuan bernama Nur Khasanah. Kakakku kini telah bekerja dan adekku masih duduk di kelas 5 Sekolah Dasar. Orang tuaku adalah Miskiya dan Ari Istiyani. Ayahku bekerja sebagai pedagang dan ibuku adalah ibu rumah tangga. Aku adalah lulusan dari SMK Negeri 1 Bantul jurusan Multimedia. Pelajaran yang paling kusukai selama sekolah adalah Fotografi. Namun ketika aku akan masuk di suatu universitas program studi fotografi, kedua orangtuaku tidak memberi restu. Karena kata ibuku universitas itu banyak mahasiswa yang salah pergaulannya. Akhirnya aku mencoba ke mendaftar di MMTC. Aku sudah mengikuti ujian pendaftar baru disana, namun setelah pengumuman ternyata aku tidak lolos. Kemudian aku bingung akan masuk kuliah di kampus mana. Ibukku menyarankan...