Wong Nderes
Rekasane wong nderes
Menek uwit mung nggo masang bumbung
Sedino, rong dino dienteni
Mbaleni menek kanggo njupuk bumbung
Nanging hasile ora sepiro
Disaring, digodog, diudak nganti tangane ra ana rasane
Dicetaki siji - siji kanthi teliti
Dienteni atos kanthi dipepeni
Dijupuk, ditata ana tenggok
Banjur didol lan duit kang dienthukke ora sepira.
Dening :
1. Diasta Niki Rahayu (10)
2. Erliana Damayanti (15)
3. Hafida Rachma Putri (20)
4. Siti Nur Cholimah (30)
Komentar
Posting Komentar