Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2016

Pengalaman pribadi

                Pengukuhan Saka Wanabakti       Tanggal 5 tekan 6 Mei kabeh calon anggota Saka Wanabakti melu acara pengukuhan iki. Tanggal 5 Mei sekitar jam 2 awan kabeh calon anggota kumpul ono ing Dinas Pertanian dan Kehutanan Bantul disik. Neng kono diwenehi pengarahan pengarahan lan absen. Banjur kui sholat ashar terus upacara pembukaan. Sekitar jam 4, kabeh mangkat ing Koramil Kretek, ing kono kanggo nitipke kendaraan. Banjur kui diwenehi pengarahan maneh. Sekitar jam 8, acarane dilekasi mlaku seko Koramil terus ketemu masjid bar TPR Pantai Parangtritis munggah. Ing dalan munggah, aku sempet ra kuat lan pengen bali medun maneh. Nganti tasku di gawakne karo dewan Saka. Nanging mergo akeh uwong sek nyemangati aku, akhire aku tekan duwur sekitar jam setengah 12 bengi. Duwur iku tepate yaiku Gua Jepang. Banjur kui dikon istirahat lan masak dinggo maem. Amargi le masak muk nganggo survival dadi le masak suwi banget nganti diewang...

Geguritan

Wong Nderes    Rekasane wong nderes    Menek uwit mung nggo masang bumbung    Sedino, rong dino dienteni    Mbaleni menek kanggo njupuk bumbung    Nanging hasile ora sepiro Disaring, digodog, diudak nganti tangane ra ana rasane Dicetaki siji - siji kanthi teliti Dienteni atos kanthi dipepeni Dijupuk, ditata ana tenggok Banjur didol lan duit kang dienthukke ora sepira. Dening :  1. Diasta Niki Rahayu (10) 2. Erliana Damayanti (15) 3. Hafida Rachma Putri (20) 4. Siti Nur Cholimah (30)